Running text

Sugeng Rawuh Wonten Blog Menika, Mugi Saged Nambah InformasiPanjenengan Babagan Tradisi Kaliyan Budhaya Jawi. Matur Nuwun Sampun Mampir Wonten Blog Menika. Menawi Wonten Kiranging Isi Materi Nyuwun Pangapunten.

Kamis, 04 Desember 2014

Bedug... Der.. Dugderan



Dugderan yaiku salah siji budaya utawa tradisi sing ana ing Semarang. Tradisi sing wis turun temurun mau nduweni makna lan tujuan sing ora adoh saka agama Islam, yaiku kanggo pratandha wulan Ramadhan arep wiwit tanggal pira. Biasane tradisi dugderan dilakokake seminggu sedurunge wulan Ramadhan, lan puncak adicarane sedina sedurunge pasa.
            Dugderan kuwi saka tembung Bedug lan Der, der.. saka suara meriam.
Jaman biyen sing nganakake dugderan yaiku Bupati Aryo Purbaningrat. Piyambake gawe tradisi kuwi kanggo ngandhani yen wulan pasa arep teka. Kawiwitan tahun 1881 dugderan mulai ana ing Semarang, adicara kuwi dilakokake kanthi ana arak-arakan bedug sing dikawal karo prajurit Kadipaten Semarang. Pusat adicara iki ana ing Masjid Besar Kauman yang ada di Johar Semarang.
            Ana ing adicara dugderan ana maskot saka Semarang, Warak Ngendhog. Warak ngendhog yaiku kewan khayal sing dadi maskot Semarang, maskot mau nduweni teges yen ana ing Semarang kuwi ana akulturasi budaya. Ana budaya Jawa, China, lan Arab, budaya mau dadi siji ana ing Semarang lan ninggalkake budaya.
            Ing jaman saiki dugderan ora mung dianakake utawa dipusatke ana ing Masjid Kauman, nanging ing Masjid Agung Jawa Tengah uga ana. Pemerintah gawe kebijakan kuwi amarga ing dugderan akeh wong sing dodolan. Sing di dol ana ing dugderan uga akeh, ana cenderamata, dolanan tradisional, panganan, uga ana klambi.
            Kebudayaan sing kudu dijaga lan dilestarikake ana akeh ning Indonesia khususe budaya Jawa. Budaya lan tradisi kudu dijaga kareben ora dijupuk bangsa liya sing luwih seneng karo budayane dewe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar