Ing basa jawa Mitoni iku asalé saka tembung
pitu (7). Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo
keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo
sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.
Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe
raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki
proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi kaping 7.
Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara
ngupati. Urut-urutane yaiku siraman, nglebokake mendhog pitik kampung
ning njero kain calon ibu dening
calon bapak, salin rasukan, brojolan
(nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang (janur) , mecahake
wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren. Acara siraman mung dianakake
kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu
dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi
utawa dina Jemuah awan nganti mbengi. Rangkeyan
Acara Rantaman adicara kanggo upacara
mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara
ngupati, urut-urutan yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampong ing njero kain
calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan nglebokake cengkir klapa
gadhing, medhot lawe utawa lilitan benang janur, mecahake wajan lan gayung,
nyolong endhog lan pungkasan kendhuri kendhuren. Acara siraman namung
dianakake kanggo mitoni anak mbarep. Wektu Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diadani ing
dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa
uga dina Jemuwah awan nganti mbengi, saderengipun wulan 'purnamasidhi'.
Tata Carane
Masarakat Jawa tansah ora uwal saka
tatacara adat tradhisi. Apa maneh kang gegayutan karo sangkan paraning
manungsa. Wiwit manungsa ana njero kandhutan nganti manungsa surut ing
kaseban jati, tansah diiring kanthi adat tradhisi kang digelar ing wayah tartamtu. Dene tatacara lan upacara tradhisi kang digelar nalika sawijining wanita
lagi ngandhut duwe pangajab supaya ibu lan anak utawa wiji dadi kang dikandhut
tansah wilujeng nir sambikala. Pangajab liyane, bayi
kang dilairake mbesuke bisa antuk kabegjan uripe. Maneka tatacara dilakoni nalika kandhutan wiwit umur telung sasi ana
wilujengan utawa selametan nigang
wulani, petang sasi, limang sasi, enem sasi, pitung sasi kang disebut mitoni,
sarta sangang sasi kang disebut procotan.
Miturut Prasetyo
Adi Wisnu Wibowo, dhosen Sastra Daerah FSSR UNS Solo, kanggo njaga supaya
jabang bayi bisa slamet nalika ing kandhutan nganti wancine lair, wong Jawa
ngleksanakake maneka warna wilujengan. Maneka upacara tradhisi lumrah dilakoni
jroning cakra manggilingan uripe manungsa Jawa nalika wanita lagi ngandhut
wiwit umur kandhutan sesasi nganti sang
ang sasi.”Dene nalika umur
kandhutan wus ngancik pitung sasi, diadani upacara slametan kang disebut mitoni utawa
tingkeban. Mitoni iki dilakoni dening wong Jawa mligine nalika wanita
lagi ngandhut kang kapisan utawa mbobot tembean,” ujare Prasetyo, ing andharane
jroning
sawijining pirembugan ing FSSR, sawetara
wektu kapungkur. Upacara mitoni utawa wilujengan pitung
wulanan iki lumrahe nganggo ubarampe kang disedhiyani dening kulawarga wanita
kang nembe ngandhut. Ubarampe slametan nglimputi sekul
janganan, jenang abrit, jenang baro-baro, jajan pasar lan sriyatan kang ginawe
saka wijen,dhele, kacang kang kagangsa ing gendhis. Saliyane iku uga cengkaruk
timbal, penyon, pring sadhapur lan tumpeng robyong kang arupa tumpeng dicemplungake
ing cething, diwenehi iwak kebo lan endhog godhog, gereh, krupuk.
Ubarampe liyane awujud janganan mentah kayata lombok, terong, janganan lan
sawetara jinis kembang- kembangan. Tumpeng janganan digawe cacah pitu dijangkepi pitung iji
apem conthong. Jroning upacara mitoni iku uga ana tatacara gantos penganggen
ngantos kaping pitu kang sabanjure disebut tingkeban. Nut Serat Tatacara
anggitane Ki Padma susastra, upacara tingkeban iki dileksanakake nalika tanggal ganjil
tanpa ngliwati purnama (sadurunge tanggal 15, upamane tanggal 3, 5, 7, 9, 11, 13
lan 15). “Upacara mitoni utawa tingkeban diadani jalaran nurut kaprecayane
wong Jawa, bayi ing kandhutan nalika umur pitung wulan wis diparingi nyawa
dening Pangeran. Dene ritual baku jroning upacara mitoni yakuwi siraman lan
ganti busana nganti kaping pitu,” ujare Prasetyo.
Tata Cara Siraman
Tata carane siraman, ing papan kang wus
ditem tokake dicepakake jembangan wadhah banyu kang wus diwenehi
kembang setaman. Banyu kang wus diwenehi kembang setaman kuwi
dianggo siraman wanita kang la gi ngandhut.Upacara siraman dhewe dileksanakake
wanci jam 11.00 WIB amarga dipracaya para hapsari uga tumurun saka kayangan
saprelu arep adus. Dene kang mimpin siraman yakuwi dhukun, dene kang nyiram
wanita kang ngandhut yaiku para pinisepuh putri kang cacahe pitu utawa sangang
wong. Cidhuk banyu kang dianggo kudu saka bathok utawa siwur.
“Sadurunge siraman, wanita kang ngandhut dilulur luwih dhisik nganggo
glepung beras mancawarna dicampur mangir, pandhan wangi kang wus dirajang
lembut lan godhong kemuning kang wus dipipis. Nanging uga ana sumber liya kang
nyebutake piranti kang digunakake ngresiki cacahe pitung rupa yakuwi wedhak
agal, sedheng lan lembut, mangir, sindhu, lulur lan asem,” jarene Prasetyo.
Papan kanggo lungguhe wanita kang lagi
ngandhut iku arupa dhingklik cilik kang dilambari godhong apa-apa,
saliyane itu uga godhong kluwih, kara, maja, dhadhap serep,
alang-alang, klasa mendhong, dhingklik uga dilambari kain warna-warna, contone sindur,
jarit kanthi motif yuyu sekandhang.Padusan kakrobong utawa ditutup nganggo
kain jarit motif rangrangan utawa cindhe. Padusan iki ana ing latar sisih
kiwa utawa tengen omah kanthi lawang ngadhep ngetan. Krobong dirias nganggo
tuwuhan jangkep arupa pisang, tebu lan cengkir gadhing.
Ing Serat Tatacara anggitane Ki
Padmasusastra kasebutake, rampung siraman banjur ganti kain pasatan lan diubedi
letrek utawa kain jarit kang logro sarta dianggoni sabuk saka godhong tebu
tulak. Saka njero letrek kuwi pinisepuh nglebokake tropong ing njero jarit lan nyeblokake.
Sabanjure sabuk mau dipotong nganggo keris. Sawuse pedhot, bojone wanita kang
lagi ngandhut iku diakon lunga tanpa pamit. Bebarengan karo kuwi ibu Maratuwa
mbanting endhog pitik mentah lan bapake mecah cengkir gadhing kang wus
digambari Kamajaya-Kamaratih, Janaka-Subadra, utawa Panji lan Candra
Kirana,banjur disigar dadi loro. Nalika mecah cengkir direwangi bapak
kandhunge wanita kang lagi ngandhut kuwi.Wanita kang ngandhut banjur diiring
mlebu omah lan ngadeg ing ngarep petanen. Ing papan kuwi wus dicepakake
sinjang lan kemben cacah pitu. Sateruse para pinisepuh nganggokake jarit iku
mbaka siji. Rampung nganggo siji banjur diuculi, banjur dianggokake maneh liyane.
Ngono terus nganti kaping enem lan para pinisepuh mesthi ngomong
durung patut. Kang pungkasan, para pinisepuh nganggokake jarik truntum kemben motif
bangotulak. Bebarengan karo kuwi, para pinisepuh padha ngomong wis patut.“Wayah wengine uga
dibabar wayangan kanthi la
kon kelairan, contone Gathutkaca lair. Sing
duwe omah nyedhiyani pasugatan kanggo dhalang lan niyaga. Kanggo dhalang
diwenehi rampadan kaping pindho, arupa sekul ambeng, 10 piring iwak lan 10
piring panganan,” tandhese Prasetyo.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar