Nyadran ing basa Jawa nduweni arti olah ati, tembung nyadran dijupuk saka basa Arab sadran sing artine dada. Amarga nyadran dilakokake nalika sasi ruwah, uga biasa diwastani ruwahan karo masyarakat kana. Nyadran yaiku tradisi sing meh mirip karo nyekar, nanging sing bedakake yaiku wektune. Yen nyekar biasane dilakoni saben malam jumat kliwon, nanging yen ruwahan utawa nyadran mau dilakoni mung ing sasi ruwah.
Ana ing tradisi nyadran iki kabeh warga pada ing makam leluhure, ngresiki makam, lan ngirim donga kanggo leluhure. Tradisi nyadran biasa dilakoni sore utawa awan. Sabubare kuwi, ana ing omah kaluwarga gawe pengajian sing uba rampene apem, kolak, lan ketan. Uba rampe kuwi mau uga nduweni makna utawa simbol. Apem kuwi nyimbolake pangapura dadi duweni makna yen dadi manungsa kuwi kudu bisa utawa gampang menehi pangapura marang wong liya sing nduwe salah karo awake dhewe. Ketan kuwi nyimbolake salah utawa kesalahan nduweni teges yen dadi manungsa kuwi mesti nduweni salah, ora ono wong siji sijio sing sempurna ing donya iki. Dadi yen urip kuwi kudu ngati ati, yen tau gawe salah sabisaa aja nganti gawe salah maneh ojo nganti jatuh ke lubang yang sama. Lan kolak kuwi duweni simbol Sang Pencipta utawa Gusti ingkang maha Agung. Nduweni teges yen manungsa kuwi kudu tetep nglakokake apa sing dadi kewajiban ing donya lan ngadohi apa sing dadi laranganne.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar