Running text

Sugeng Rawuh Wonten Blog Menika, Mugi Saged Nambah InformasiPanjenengan Babagan Tradisi Kaliyan Budhaya Jawi. Matur Nuwun Sampun Mampir Wonten Blog Menika. Menawi Wonten Kiranging Isi Materi Nyuwun Pangapunten.

Rabu, 24 Desember 2014

Tradisi Ruwatan Masyarakat Dieng

http://tour.seruu.com/read/2013/07/01/172125/kidung-rumeksa-ing-wengi-iringi-ritual-cukur-rambut-gembel 
Dieng yaiku dataran tinggi sing ana ing  Kabupaten Banjarnegara. Tradisi utawa adat ruwatan nyukur rambut gembel wis akeh sing ngerteni. Tradisi iki wis dadi turun temurun lan akeh warga sing padha percaya karo mitos sing ana ing tradisi kuwi. Tradisi ruwatan cukur rambut gembel iki ora bisa kepisah karo cerita saka salah siji leluhur saka kana yaiku Kyai Kolodete. Masyarakat Dieng percaya yen bocah sing nduweni rambut gembel kuwi keturunan saka Kyai Kolodete, Kyai Kolodete yaiku salah siji leluhur sing ngedekake kutha Wonosobo bareng karo Kyai Karim lan Kyai Walik.

Upacara ruwatan iki dipercaya yen bocah sing nduweni rambut gembel kuwi bocah titipan sing kudu dibalekake. Rambut gimbal utawa gembel mau dipercaya yen gawe sial, bocah sing nduwe rambut kaya ngana mau ana sing nakal banget utawa malah menengan banget. Mulane perlu ana upacara nyukur rambut kuwi lan ana ruwatan. Bocah mau biasane diarani Sukerta (bocah sing dicadangake kanggo mangsane Batharakalla). 
Rambut gembel kuwi nduweni macem utawa kriteria dewe-dewe, ana sing diarani gembel pari, gembel jatha, gembel wedhus, gembel gombak, gembel pethek, lan gembel kuncung. Ana ing acara iki uga ana sing kudu disiapake, kayata tumpeng robyong, tumpeng kalung, ingkung, jajan pasar, wedhang, sesaji kanggo larungan, lan sawur. 
Tradisi ruwatan iki uga ana acara napak tilas, napak tilase ana ing macem-macem panggonan yaiku tuk lima lukar, gunung prau, gunung kendhil, gunung pakujawa, pertapan mandalasari, bukit siti hinggil, lan batu tulis. Ing pungkasan upacara ana hiburan kanggo sing diruwat tuladhane ana tari lengger saka desa kuwi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar