Tegal kutha sing terkenal karo sebutan kutha teh poci, amarga ning kana terkenal padha gawe teh ana ing poci saka lemah abang. Tegal ora gur terkenal karo basa ngapake utawa warteg, nanging akeh tradisi lan budhaya sing bisa dadi pilihan kanggo wisata. Salah sijine ana tari Endel. Tari Endel kuwi salah siji tari topeng sing ana ing Tegal, ana akeh tarian khas saka kutha teh poci kuwi kayata tari topeng Endel, Kresna, Panji, Patihan, Lanyapan Alus, lan Kelana.
Ana ing kene bakal dirembug bab tari Endel. Tari Endel dhewe nduweni sejarah, maune tarian iki gambarake abdi dalem kanggo nggawe seneng penggalihe Ratu utawa Raja Brawijaya. Saliyane kuwi tarian mau uga kanggo nyambut tamu sing teka. Nanging yen didelok saka sudut pandang sosial budaya, gerakanne tarian iki digambarake kaya masyarakat Tegal sing yen ngendika kuwi cepet, keras, nanging nduweni sifat sing alus, lembah manah.
Tarian iki diiringi karo gamelan gendhing lancaran ombak banyu laras slendro manyuro. Tari Endel disuguhake utawa dipertunjukan nalika ana adicara kabupaten, kanggo pendidikan, utawa kanggo hiburan liyanne.
Tari Endel iki uga nduweni filosofi "Pambuka" pambuka donya iki sing saka Gusti Allah. Saliyane kuwi tari endel iki nduweni iringan gendhing lancaran ombak banyu sing nyimbolake menawa ana sing ning nduwur nasibe uga ana sing ning ngisor. Akeh wong sing mung ngerteni yen tarian iki kanggo pralambang wong wadon sing lenjeh, kemayu nalika ana wong lanang, nanging kuwi mau ora bisa dipercaya yen durung ngerti filosofi satenane saka tari Endel.


Tidak ada komentar:
Posting Komentar