Running text

Sugeng Rawuh Wonten Blog Menika, Mugi Saged Nambah InformasiPanjenengan Babagan Tradisi Kaliyan Budhaya Jawi. Matur Nuwun Sampun Mampir Wonten Blog Menika. Menawi Wonten Kiranging Isi Materi Nyuwun Pangapunten.

Sabtu, 27 Desember 2014

Sekaten Yogjakarta


Sekaten yaiku upacara tradisional, sekaten yaiku saka tembung Syahadata’in utawa saka rong temung syahadat, yaiku adicara kanggo memperingati ulang taun Nabi Muhammad s.a.w ingkang dipunanaaken tanggal 5,wulan jawa mulud (Rabiul awal taun hijrah) ing alun-alun Surakarta lan Yogyakarta.Upacara menika mbiyen kangge ngundang para warga nderek agama Islam.
Upacara dipunwiwiti wayah bengi kaliyan iring-iringan Abdi Dalem (Punggawa Kraton) bebarengan kaliyan rong set gamelan jawa.Kyai Nogowilogo lan Kyai Gunturmadu.Iring-iringan menika wiwitanipun saking pendopo Poncaniti pinuju Masjid Agung ing alun-alun, dipunkawal kaliyanprajurit kraton.Kyai Nogowilogo manggon ing sisih utara saking masjid Agung,samentara kyai Gunturmadu manggon ing pogongan selatan masjid.Rong set gamelan menika bakal dipunmaenaken bebarengan ngantos tanggal 11 wulan Mulud suwene 7 dina,bengi pungkasan,rong gamelan menika dipunbeta balik menyang Kraton.


GREBEG MULUDAN
Grebeg Muludan dianakake tanggal 12 wiwit tabuh 08.00 esuk.Dipunkawal kaliyan 10 wujud (bregodo/jogokaryoprawiritomo,nyutro,ketanggung,mantrijero,surokarso,lan bugis), Gunungan ingkang kagawe saking beras ketan,pakanan,lan woh-wohan sarta sayur bakal dipunbeta saking istana,Kamandungan nglewati sithinggil lan pagelaran pinuju Masjid Agung.Saksampunipun dipundongani,Gunungan sing nglambangaken kasejahteraan kerajaan Mataram menika dipunbagiaken kailiyan para warga sing dianggep bagian saka gunungan menika bakal gawa berkah.
TUMPLAK WAJIK
Rong dina sakderengipun adicara grebeg muludan,upacara tumplak wajik dipunlaksanaaken ing latar istana Magangan tabuh 16.00 Sore.Adicara menika kawujud kothekanutawa maenaken tembang kaliyan kenthongan,lumpang kangge numpuk pari lsp,ingkang nandhaaken wiwit saking gawene gunungan sing bakal dipunarak ing adicara grebeg muludan.Tembang sing dimaenaken ing adicara tumplak wajik yaiku tembang lompong keli,tundhung setan,owal-awil.
Nganti sakmenika budaya sekaten taksih dipunlestariaken kaliyan warga jawi mliginipun Yogyakarta lan Surakarta.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar