Running text

Sugeng Rawuh Wonten Blog Menika, Mugi Saged Nambah InformasiPanjenengan Babagan Tradisi Kaliyan Budhaya Jawi. Matur Nuwun Sampun Mampir Wonten Blog Menika. Menawi Wonten Kiranging Isi Materi Nyuwun Pangapunten.

Senin, 29 Desember 2014

Tradisi Mubeng Beteng


Mubeng Beteng yaiku salah sawijing tradisi masarakat ing Ngayogyakarta . [1]Para warga padha laku prihatin ngubengi beteng kraton Ngayogyakarta. [1] Sejatine tradhisi iki minangka wadhah sawijining rasa prihatin kang ancase manut kapercayan dhewe-dhewe. [1] Tradisi iki ditindakake saben malem 1 Sura utawa warsa enggal Hijriah.[1] Ancasing tradhisi mubeng beteng yaiku ngresiki batin, introspeksi diri, lan kanggo nduduhake rasa prihatin tumrap kadadeyan kang wis kalakon ana ing nagara Indonesia.[1]

Sejarahe Tradisi Mubeng Beteng

Minangkani panyuwune warga Ngayogyakarta ing taun 1919,
dianakake upacara gendera pusaka kanthi aran Kangjeng Kyai Tunggul Wulung, kanthi mlaku ngubengi beteng kraton. [2] Upacara kasebut nduweni pangarep yaiku nyegah lelara influenza supaya ora ngenani masarakat Yogyakarta. [2] Kangjeng Kyai Tunggul Wulung yaiku bageyan saka blongsong Ka’bah ing Mekah kang digawa dening Safi’i, utusane Ngarsadalem Sultan Hamengkubuwana I ing taun 1784 Masei. [2] Amarga para masarakat percaya bab kaampuhane pusaka mau, mula kabeh panyakit bisa disirnakake. [2]

Pethilan Crita ngenani Gendera Pusaka Kangjeng Kyai Tunggul Wulung

Saperangan para sedulur ing Ngayogyakarta lan sakiwa tengene padha duwe panganggep, yen wesi aji lan pusaka duwe daya rupa-rupa, umpamane piyandel marang dwaja (klebet utawa gendera) Kangjeng Kyai Tunggal Wulung (pusaka ing kraton) yaiku yen besuk ana ambuh-ambuhan epidemi lelara nular, seperangan rakyat padha nyuwun supaya klebet pusaka mau diarak mubeng kutha, kaya kang kalakon ing taun 1919 mubale lelara influenza.[2] Saweneh ana kang crita yen Kangjeng Kyai Tunggul Wulung kang asli iku asale saka cuwilan tutup Ka'bah ing mekah, kang digawa dening Kyai Iman Safi’i utusane Ingkang Sinuwun Sultan Hamengkubuwana I taun 1784 M. [2] Kadadeyan mau diambali maneh taun 1932, 1946 lan taun 1951 kanthi upacara Kangjeng Kyai Tunggul Wulung kanggo nyegah lelara pes. [2] Mula saka kuwi, masyarakat Ngayogyakarta nyuwun pitulungan marang kraton supaya dianakake upacara maneh.[2] Urut-urutaning tradhisi mubeng beteng lan kirab pusaka Kangjeng Kyai Tunggul Wulung yaiku Kangjeng Kyai Tunggul Wulung kairingan bregada prajurit kraton kang wes katunjuk. [2] Banjur ing burine, yaiku masarakat Yogyakarta saka punjering tlatah.[2] Wujud kasunyatan Kangjeng Kyai Tunggul Wulung yaiku gendera pesagi, kanthi werna ireng, wungu lan kuning ing tengahe ana gambar manuk elang kang tinulis rajah (utawa aksara kang darbe teges) mawa aksara Arab. [2]

Lampah-lampahane Upacara Jaman Semana

Dene wujude Pusaka Kangjeng Kyai Tunggul Wulung iku werna wungu, ireng lan kuning, ing tengahe ana werna putih kang duweni buntut lan ngepang loro. [3] Ing kono uga, ana gambar bunder lan lonjong kang wernane abang.[3] Gendera kaiket ing galah kang pucuke duwe catur sula, aran Kangjeng Kyai Santri. [3] Kangjeng Kyai Tunggul Wulung kang dikirab mung awujud peputran; kang asline disimpen ing jero pethi. [3] Amarga yuswane wis sepuh lan gampang suwek, mula digawekake duplikat. [3] Ing jejere uga ana pusaka kang melu dikirab, wernane ijo lan kuning kang diarani dwaja Pareanom. [3]

Lampah-lampahane Upacara Jaman Saiki

Saiki tradhisi iki ditindakake sewindhu sepisan yaiku ing taun Dal, bebarengan karo pengetan Mauludan. [4] Ing wektu iku, pusaka-pusaka kraton uga melu dikirab, yaiku Kangjeng Kyai Ageng, Kangjeng Kyai Gadawadana, lan Kangjeng Kyai Gadatapan[4], kabeh mau awujud waos. [4] Semana uga pusaka kang awujud bendhe, wedhung, cemethi, lan ketipung uga melu dikirab ing taun Dal. [4]

Ancasing Mbisu lan Mubeng Beteng miturut Konsep Kejawen

Mubeng beteng, miturut konsep kejawen ateges laku manungsa sacara pisik utawa sembah raga, kanggo nyedhakake dhiri marang Gusti. [5]
Ing Serat Wedhatama wus dibabarake pangerten ngenani sembah raga mawa tembang Gambuh, yaiku :
Sembah raga puniku | Pakartining wong amagang laku | Sesucine asarana saking warih | Kang wus lumrah limang waktu | Mantu watak ing wawaton ||
Tegese yaiku sembah raga minangka bageyan saka lakuning urip kang dawa kang di wujudake minangka lakuning karohanen, kayata wong kang tapa utawa ngibadah. [5] Salat limang waktu kanthi tuntunan kang bisa ditanggungjawabke. [5]
Dene ing Serat Sasangka Jati uga dijlentrehake ngenani sembah raga, yaiku :
"Roh Suci iku sipating Pangeran kang nguwasani nepsu kang patang prakara (lauwamah, amarah, sufiah, mutmainah)". [5] Dadi tegese, roh suci isih perlu nelukake utawa ngereh hawa nepsune, supaya manut karsaning roh suci. [5] Dene anggone ngereh utama nelukake mau sarana panguwasane, yaiku pangaribawane (ciptane), dienggo ngeling-eling marang Pangeran lan utusane kang langgeng, kanthi angluhurake asmane Pangeran lan sapanunggalane, kang dibabarake sarana pratandha hormat: tumandange raga lan pangucapane." [5]

Makna Mbisu lan Mubeng Beteng miturut Konsep Islam

Mbisu miturut tuntunan Islam yaiku ngibadah kang kalebu bab Tasawuf, kang biyen kerep ditidakake dening para sunan lan golongan sufi. [6] Ancase yaiku kanggo introspeksi diri. [6] Tegesing mbisu ing kene yaiku ngibadah kang asipat batiniyah lan lairiyah. [6] Dene lairiyah ing kene diwujudake kanthi mlaku mubeng beteng kanggo nyedakake diri marang Gusti Kang Akarya Jagad. [6]
Pirmane Gusti Allah ing Al Qur’an surat Al Baqarah ayat 222 yaiku
"… Gusti Allah tresna marang wong-wong kang tobat lan wong-wong kang sesuci ..."
Dene ing surat Al A’la ayat 14 yaiku
"Bakal untung wong-wong kang sesuci"
Dadi agama Islam ngolehake acara ritual apa wae, nanging ora kena ninggalake bab kang utama yaiku tansah eling lan nyenyuwun marang Gusti Allah.[6]Kajaba ngibadah marang Gusti, bab amaliyah saka sesuci yaiku sesrawungan marang manungsa, kang dikenal kanthi istilah kemaslahatan lan nyegah kemudharatan (tuna). [7] Mlaku ngubengi beteng kraton miturut Islam ateges sesuci (taharah) amarga bisa entuk hawa seger lan peranganing badan uga bisa dadi seger. Kabeh mau bisa gawe tentreming batin lan ngilangake ruweting batin.[7]

http://jv.wikipedia.org/wiki/Mubeng_Beteng

Tidak ada komentar:

Posting Komentar