Ing desa Mojorembun ono kebudayaan sing dilakokaketiap
taune.Kebudayaan iki yaiku sedekah bumi. Budaya sedekah bumi yaiku salah
sawijining ritual tradisional warga ing pulo jawa sing wis kalaksana turun
temurun saka nenek moyang jawa mbiyen.Ritual sedekah bumi iki biasane
dilaksanakake karo warga sing biyasane kerjone dadi petani lan nelayan.Sedekah
bumi iki diartikake syukuran warga Desa Mojorembun atas nikmat, berkah, lan
rejeki saka Allah.Biasane sedekah bumi dianakake ing wulan Rajab tiap
taune.Acarane kalaksana kurang luweh seminggu.Ing dina-dina iku para warga
biasane gawe pakanan-pakanan khas jawa kayata nagasari,bugis,arem-arem lsp sing
ditujukake kanggo para tamu sing teka, lan uga biyasane weweh yaiku nge’i sega sebakul karo lawuh, sayur lan pakanan
sing dibungkus kanggo desa liyane. Lajeng ing dina-dina iku dianakake
hiburan-hiburan,kayata ketoprak,barongan,konser musik lang ing dina pungkasan
pengajian,lan ugakanggo bocah-bocah dianakake lomba-lomba sing nglatih kalincahane,kecepetan,lan
kreatifitase bocah-bocah kuwi, kayata lomba setin dideleh ing sendok,lomba
nari,lomba ngepruk kendil lsp.Manfaat saka sedekah bumi ing rembang iki
yaiku ngraketake hubungan antara warga
siji lan sijine amarga acdicara iki ora bakal iso lancar yen para warga ora
kerja bebarengan.Saengga budaya sedekah bumi menika patut dilestarikake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar