Tradisi Tedhak siten punika salah
satunggalipun upacara adat wonten ing tanah Jawi. Tedhak siten punika saking
tembung “tedhak” kaliyan “siten”. Tedhak nggadahi makna mandhap utawi nepakaken
suku. Siten saking tembung “siti” yaiku lemah. Saking tembung-tembung punika,
tedhak siten nggadahi makna inggih punika nepakaken suku wonten ing lemah.
Tradisi tedhak siten punika nggambaraken ancang-ancangipun lare kagem nglampahi
pagesangan ingkang nyata
kaliyan sukses wonten ing wekdal salajengipun dening
pangestunipun Gusti ingkang Maha Kuwaos kaliyan bimbinganipun saking tiyang
sepuh,ugi saking Guru awit saking taksih alit.
Upacara tedhak siten ugi nggadahi
makna hubunganipun manungsa kaliyan negarinipun nglampahi pagesangan ingkang
sae ugi pener ing donya punika ugi tansah nguri-uri kaliyan jaga bumi. Punika
saged ndadosaken pagesangan ing donya ayem tentrem. Punika kagem ngemutaken
menawi donya sampun maringi kathah piranti dhumateng tiyang wonten ing donya
kagem ndukung pagesanganipun manungsa. Manungsa wajib ngaturaken syukur
dhumateng Alloh SWT, amargi sampun maringi alam donya ingkang sae punika.
Upacara tedhak siten
dipunlaksanakaken dhumateng lare ingkang yuswanipun pitung lapan utawa 245
dinten.biasanipun upacar tedhak siten dipunlaksakaken ing wanci enjing wonten
ing ngajeng griya. Kajawi tiyang sepuhipun lare kalawau, eyang kakung kaliyang
putri ugi para pini sepuh punika tamu ingkang paling dipunkurmati. Kados wonten
ing saben upacara tradisional, upacara tedhak siten punika ugi dipun paringi
sesajen, kadosta: sekar, herbal ingkang dipuntata kagem muwuhi suasana ritual.
Sesajen punika mboten takhayul, ananging donga dhumateng Gusti, supados upacara
saged dipun laksanakaken kanthi lancar, ugi pangajabipun saking ritual kalawau
saged kaleksanan, inggih punika pikantuk berkah saking Gusti ingkang Maha
Kuwaos.
Ingkang dipun siapaken wonten
ing sesajen slametan inggih punika :
Ø sekul tumpeng kaliyan
gudangan,
Ø Sekar setaman ingkang dipun
wadahaken bokor ageng kaliyan lemah.
Ø Ondo ingkang dipun damel
saking tebu abrit.
Ø Kurungan ayam ingkang dipun
hiasi janur kuning utawi kertas werna werni
Ø pantun, kapas, sekar telon (
mawar, melati, kenanga ), uwos kuning, mawarna warna arta lembaran, manekawarni
raja brana ( gelang, kalung, peniti,lsp )
Ø barang-barang ingkang migunani
kadosta : buku kaliyan piranti tulis ingkang dipun lbetaken kurungan
Ø jenang abrit kaliyan pethak,
jenang boro-boro, jajan pasar pitung werna, inggih punika abrit, pethak, biru,
jambon, cemeng, ungu.
Warna-warna kasebat nggadahi
makna
Pethak : watak ingkang utama
Biru : jati diri
Ijo : lambang pagesangan
Oranye : surya
Abrit : semangat
Kuning : kapinginan utawi
gegayuhan
Cemeng : keagungan
Urutan prosesi
1. Tedhak sega pitung warna
2. Mudhun tangga tebu
3. Ceker-ceker
4. Kurungan
5. Sebar udik-udik
6. Siraman
Kapisan : lare dipuntuntun supados saged
mlampah kaliyan ngidak jenang pitung warna ingkang dipun damel saking ketan
dipuncampur klapa ingkang dipun parut, ugi dipun wenehi sarem supados gurih.
Pitung warna kalawau inggih punika : abrit, pethak,oranye, kuning, ijo, biru
kaliyan ungu. Jadah kalawau dipun tata saking warna ingkang peteng dhumateng
warna ingkang padang.
Punika nglambanaken lare saged
nglampahi alangan wonten ing gesangipun dipunwiwiti saking pagesangan ing
donya, kagem ngembangaken diri, kacukupan kabutuhanipun, kaliyan sehat.
Kaping kalih : lare dipun
tuntun minggahi ondo ingkang dipun damel saking tebu arjuna (wulung). Tebu
keratabasanipun antebing kalbu. Kanthi tekad ingkang manteb dening nggayuh
kekarepan supados kawujud.
Tebu arjuna nglambangaken
supados lare saged nggadahi sikap kados arjuna, tiyang ingkang nggadahi watak
ksatria, ugi supados nggadahi pagesangan ingkang sae.
Kaping tiga : mandhap saking ondo, lare
dipun tuntun mlampah wonten ing lemah.wonten ing lemah kalawau, lare
ceker-ceker. Punika nggadahi makna pados rejeki, utawi lare saged nyekapi
kabetahan pagesanganipun.
Kaping sekawan : lare
dipun lebetaken wonten ing kurungan ayam ingkang sampun dipun hias. Ing
salebetipun wonten maneka warni piranti. Kadosta : buku, stetoskop, raja brana,
lsp. Salajengipun, lare mendhet salah salah satunggaling piranti kalawau.
Umpaminipun, lare kalawau mendhet buku, mratandakaken lare kalawau ing
salajengipun badhe dados ilmuwan. Kurungan maksudipun supados lare saged mlebet
wonten ing donya ingkang nyata kaliyan wonten ing pagesanganipun lare badhe
nyekapi kabetahanipun saking padamelan ingkang sampun dipunpilih.
Kaping gangsal : Rama
kaliyan eyang kakung saking lare kalawau nyebar udik-udik, inggih punika arta
recehan ingkang dipuncampur maneka warni sekar, uwos kuning. Maksudipun, lare
kalawau menawi sampun dewasa dados tiyang ingkang loma, seneng tetulung tiyang
sanes. Ugi wonten ibu ingkang ngemba putranipun kaliyan ndherek nyebaraken
udik-udik.
Kaping enem : lare kasebat dipunsiram
ngagem toya siraman, inggih punika toya ingkang dipuncampur sekar melati,
mawar, kenanga kaliyan kanthil. Punika maksudipun, pangajab wonten ing
pagesanganipun lare punika ing salajengipun dados tiyang ingkang dipun kurmati.
Supados lare punika saged nglampahi pagesanganipun kanthi lurus.
Kaping pitu : ing pungkasan upacara, lare
kalawau dipun pacak ngagem busana enggal kaliyan sae. Maksudipun supados lare
anggadahi pagesangan ingkang sae kaliyan saged ndadosaken seneng kaluwarga.
Sasampunipun sedaya prosesi kasebat dipun laksanakaken, salajengipun potong
tumpeng, ingkang dipun jangkepi gudangan, kacang panjang, kangkung kaliyan
tokolan ingkang dipun paringi bumbu klapa ingkang dipun kukus kaliyan ayam.
Tumpeng nglambangaken
panyuwunanipun tiyang sepuh dhateng Gusti ingkang Maha Kuwaos supados ingkang
lare dumados tiyang ingkang migunani. Kacang panjang nggadahi simbol yuswa
supados lare punika yuswanipun panjang. Kangkung nggadahi makna, wonten pundi
kemawon lare punika saged mindhak badanipun ugi kadewasanipun. Tokolan nggadahi
simbol kasuburan kaliyan ayam nglambangaken supados lare saged mandiri
anggenipun gesang.
http://czillagoz.blogspot.com/2013/11/tradisi-tedhak-siten.html
http://czillagoz.blogspot.com/2013/11/tradisi-tedhak-siten.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar