Brokohan yaiku tradisi sing wis turun temurun ana ing masyarakat Jawa. Tradisi iki dilakokake nalika bayi nembe lahir. Acara sing digawe yaiku bancaan slametan kanggo nylameti bocah sing nembe lair mau. Brokohan dianakake karo prosesi ngubur ari-ari. Ing Jawa masyarakat padha percaya yen kuwi dadi batur bayi amarga nalika ing gua garbane ibu, bayi mung dikancani karo ari-ari.
Adicara iki uga ngundang tangga-tangga ing daerah omahe kanggo melu ndungakake bocah sing nembe lair kuwi mau. Ing jaman biyen uba rampe sing kudu ana ing brokohan beda-beda ana ing kalangan bangsawan lan kalangan rakyat biasa. Ing kalangan bangsawan kudu ana endhog mentah, dawet, sayur menir, sekul ambeng, pecel lauk pithik, jeroan kebo, kembang setaman, beras lan kelapa. Yen kanggo rakyat biasa, uba rampe sing disiapake yaiku sega ambengan sing isine lauk iwak pithik, sayur menir,peyek, tempe, bihun, sambel goreng lan pecel.
Saliyane kanggo ndungakake si bayi mau, brokohan uga bisa kanggo nyambung rakete silaturahmi karo tangga-tangga.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar