
Wewehan saka tembung weweh sing nduweni arti menehi. Tradisi iki dianakake
kanggo mengeti Maulud Nabi Muhammad SAW. Ana ing adicara wewehan akeh sing
dilakoni, kayata saben kaluwarga nukerake jajanan utawa panganan tradisional
sing digawe. Jajan utawa panganan kuwi ditukerake karo tangga-tanggane, dadi
saben omah gaweni jajanan tradisional banjur digelar ana ing ngarepan omah.
Sing nduweni tugas nuker jajanan yaiku bocah-bocah cilik. Nanging yen
ana kaluwarga sing ora nduweni anak, bocah-bocah mung teka ana ing omah kuwi
kanggo nuker jajan. Adicara wewehan mau nduweni makna kanggo ngerti apa kuwi
pentinge bagi apa sing diduweni kanggo wong liya.
Ana ing tradisi kuwi uga ana tradisi gawe teng-tengan. Teng-tengan
yaiku kaya lampu lampion sing digawe saka pring lan kertas warna sing dibentuk
miturut kesenenganne dewe-dewe. Kadang ana sing gawe bentuk bintang, kapal, lan
ana sing gawe bentuk petromaks. Jaman biyen lampu kanggo teng-tengan isih saka
lampu minyak, nanging saiki lampu sing dinggo wes saka lampu bohlam.
Wong Kaliwungu uga gawe motor-motoran sing dinggo wadah jajanan
sing arep ditukerake marang tangga desa. Motor-motoran kuwi digawe saka mbulung.
Sawise adicara wewehan, bocah-bocah pada nabrakake motor-motoran mau kaya
tandhing motor-motoranne sapa sing luwih kuat.
Saliyane teng-tengan uga ana Sumpil yaiku panganan sing kaya kupat
nanging ora digawe saka godhong klapa nanging saka pring. Sumpil biasane
disuguhake karo sambel klapa. Iki setitik informasi babagan tradisi sing ana
ing Kaliwungu, kabeh desa kabeh kutha mesti nduweni kabudayan utawa tradisi
sing kudu dijaga lan dilestarikake amarga budaya yaiku ciri saka bangsane dewe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar