Running text

Sugeng Rawuh Wonten Blog Menika, Mugi Saged Nambah InformasiPanjenengan Babagan Tradisi Kaliyan Budhaya Jawi. Matur Nuwun Sampun Mampir Wonten Blog Menika. Menawi Wonten Kiranging Isi Materi Nyuwun Pangapunten.

Sabtu, 03 Januari 2015

Tumpeng Sewu Tradisi ing Banyuwangi

Tradisi Tumpeng Sewu yaiku tradisi sing biasa dilakoni suku Osing Banyuwangi. Tradisi iki dilakoni nalika tanggal 1 Dzulhijah, bar maghrib. Tumpeng Sewu nduweni tujuanne kanggo nunjukake rasa syukur marang Gusti sing maringi berkah. Saliyane kuwi, masyarakat Osing percaya yen tradisi kuwi uga kanggo tolak bala, kareben ora kena penyakit utawa bencana apa wae.
http://www.jebengthulik.com/2011/10/tumpeng-sewu-kemiren-banyuwangi.html
Tumpeng Sewu iki dianakake masyarakat suku Osing kanthi cara
gawe tumpeng sing isine pecel pithik sing diselehake ana ing ngarepan omah. Sega tumpeng mau nduweni simbol ngabdine manungsa marang Gusti Ingkang Maha Agung, lan pecel pithik mau nduweni makna ngucel-ucel barang sithik, tegese ngejak masyarakat kuwi kudu bisa hemat.
Sadurunge dianakake tumpeng sewu mau, ing wayah awanne masyarakat suku Osing mau padha mepe kasur werna abang lan ireng. Padha mepe kasur amarga padha percaya yen sumber saka penyakit kuwi ana ing kasur mau. Nalika ana ing tradisi tumpeng sewu mau para warga lesehan ana ing dalan karo gelar tumpeng mau lan dikancani karo obor.











sumber

Tidak ada komentar:

Posting Komentar