Mubeng Beteng yaiku salah sawijing tradisi masarakat ing Ngayogyakarta . [1]Para warga padha laku prihatin ngubengi beteng kraton Ngayogyakarta. [1] Sejatine tradhisi iki minangka wadhah sawijining rasa prihatin kang ancase manut kapercayan dhewe-dhewe. [1] Tradisi iki ditindakake saben malem 1 Sura utawa warsa enggal Hijriah.[1] Ancasing tradhisi mubeng beteng yaiku ngresiki batin, introspeksi diri, lan kanggo nduduhake rasa prihatin tumrap kadadeyan kang wis kalakon ana ing nagara Indonesia.[1]
Blog menika ngandharaken babagan tradisi lan budhaya ingkang wonten ing Jawa
Running text
Senin, 29 Desember 2014
Tradisi Mubeng Beteng
Mubeng Beteng yaiku salah sawijing tradisi masarakat ing Ngayogyakarta . [1]Para warga padha laku prihatin ngubengi beteng kraton Ngayogyakarta. [1] Sejatine tradhisi iki minangka wadhah sawijining rasa prihatin kang ancase manut kapercayan dhewe-dhewe. [1] Tradisi iki ditindakake saben malem 1 Sura utawa warsa enggal Hijriah.[1] Ancasing tradhisi mubeng beteng yaiku ngresiki batin, introspeksi diri, lan kanggo nduduhake rasa prihatin tumrap kadadeyan kang wis kalakon ana ing nagara Indonesia.[1]
Tumplak Punjen
Werdining
Upacara Tumplak Punjen
Cekaking
atur bilih upacara TUMPLAK PUNJEN punika satunggaling kabudayan Jawi ingkang
adi luhung, liripun upacara punika mengku sasmita; antawisipun
- Dados srana donga pamuji atur panuwun wonten ngarsa Dalem Pangeran
- Dados srana nelakaken raos bingahing manah, awit saged nuntasaken tugas lan kewajiban jejering tiyang sepuh ( saged peputra, lan saged nggulawenthah,lan mala kramakaken para putra )
- Dados srana anggenipun saged mbagi kabingahan dumateng para putra tuwin para kadang kinasih, inggih sedherek lan tangga tepalih
- Dados srana pangajabing tiyang sepuh,.mligi kangge para putra wayah, kanthi mbagi udhik-udhik
- Tumrap para putra wayah dados srana anggenipun sami nelakaken raos bingah bilih rama ibu kaparingan panjang yuswa
Pramila
tradisi punika satunggal pemut dumateng sok sintena, nalika sami nampi
kanugrahan
Tedhak Siten
Tradisi Tedhak siten punika salah
satunggalipun upacara adat wonten ing tanah Jawi. Tedhak siten punika saking
tembung “tedhak” kaliyan “siten”. Tedhak nggadahi makna mandhap utawi nepakaken
suku. Siten saking tembung “siti” yaiku lemah. Saking tembung-tembung punika,
tedhak siten nggadahi makna inggih punika nepakaken suku wonten ing lemah.
Tradisi tedhak siten punika nggambaraken ancang-ancangipun lare kagem nglampahi
pagesangan ingkang nyata
Tradisi Nyadran di Semarang
Nyadran ing basa Jawa nduweni arti olah ati, tembung nyadran dijupuk saka basa Arab sadran sing artine dada. Amarga nyadran dilakokake nalika sasi ruwah, uga biasa diwastani ruwahan karo masyarakat kana. Nyadran yaiku tradisi sing meh mirip karo nyekar, nanging sing bedakake yaiku wektune. Yen nyekar biasane dilakoni saben malam jumat kliwon, nanging yen ruwahan utawa nyadran mau dilakoni mung ing sasi ruwah.
Ana ing tradisi nyadran iki kabeh warga pada ing makam leluhure, ngresiki makam, lan ngirim donga kanggo leluhure. Tradisi nyadran biasa dilakoni sore utawa awan. Sabubare kuwi, ana ing omah kaluwarga gawe pengajian sing uba rampene apem, kolak, lan ketan. Uba rampe kuwi mau uga nduweni makna utawa simbol. Apem kuwi nyimbolake pangapura dadi duweni makna yen dadi manungsa kuwi kudu bisa utawa gampang menehi pangapura marang wong liya sing nduwe salah karo awake dhewe. Ketan kuwi nyimbolake salah utawa kesalahan nduweni teges yen dadi manungsa kuwi mesti nduweni salah, ora ono wong siji sijio sing sempurna ing donya iki. Dadi yen urip kuwi kudu ngati ati, yen tau gawe salah sabisaa aja nganti gawe salah maneh ojo nganti jatuh ke lubang yang sama. Lan kolak kuwi duweni simbol Sang Pencipta utawa Gusti ingkang maha Agung. Nduweni teges yen manungsa kuwi kudu tetep nglakokake apa sing dadi kewajiban ing donya lan ngadohi apa sing dadi laranganne.Minggu, 28 Desember 2014
Tradisi Brokohan
Brokohan yaiku tradisi sing wis turun temurun ana ing masyarakat Jawa. Tradisi iki dilakokake nalika bayi nembe lahir. Acara sing digawe yaiku bancaan slametan kanggo nylameti bocah sing nembe lair mau. Brokohan dianakake karo prosesi ngubur ari-ari. Ing Jawa masyarakat padha percaya yen kuwi dadi batur bayi amarga nalika ing gua garbane ibu, bayi mung dikancani karo ari-ari.
Adicara iki uga ngundang tangga-tangga ing daerah omahe kanggo melu ndungakake bocah sing nembe lair kuwi mau. Ing jaman biyen uba rampe sing kudu ana ing brokohan beda-beda ana ing kalangan bangsawan lan kalangan rakyat biasa. Ing kalangan bangsawan kudu ana endhog mentah, dawet, sayur menir, sekul ambeng, pecel lauk pithik, jeroan kebo, kembang setaman, beras lan kelapa. Yen kanggo rakyat biasa, uba rampe sing disiapake yaiku sega ambengan sing isine lauk iwak pithik, sayur menir,peyek, tempe, bihun, sambel goreng lan pecel.
Saliyane kanggo ndungakake si bayi mau, brokohan uga bisa kanggo nyambung rakete silaturahmi karo tangga-tangga.
Tradisi Tingkeban
Upacara Tingkeban
ugi dipunwastani mitoni.
Mitoni saking tembung pitu ingkang ateges angka pitu (7). Upacara
tingkeban dipuntindakaken menawi kandhutanipun priyantun estri, yuswanipun
sampun pitung sasi saha nembé ngandhut sepisan. Upacara tingkeban
punika salah satunggaling tradisi masarakat Jawa. Ancasipun kagem
nepangaken bilih pendhidhikan punika dipuntindakaken wiwit wontenipun jalmi ing
kandhutan dumugi diwasa. Sadangunipun ngandhut kathah sanget perkawis ingkang
asipat saé ingkang kedah dipunlaksanakaken dening biyungipun saha kedah
nebihaken saking perkawis ingkang boten saé. Punika mengku teges supados putra
ingkang badhé dipunlairaken dados putra ingkang saé.[1]
Wonten ing upacara kasebat, biyung ingkang nembé ngandhut pitung sasi dipunsiram nganggé toya sekar setaman ingkang dipunparingi dedonga ingkang mligi kagem biyung saha jabang bayinipun. Donga kasebat gadhah ancas nyuwun dhumateng Gusti supados tansah paring rohmatipun saéngga bayi ingkang badhe dipunlairaken slamet tanpa wonten alangan satunggal punapa
Wonten ing upacara kasebat, biyung ingkang nembé ngandhut pitung sasi dipunsiram nganggé toya sekar setaman ingkang dipunparingi dedonga ingkang mligi kagem biyung saha jabang bayinipun. Donga kasebat gadhah ancas nyuwun dhumateng Gusti supados tansah paring rohmatipun saéngga bayi ingkang badhe dipunlairaken slamet tanpa wonten alangan satunggal punapa
Tata cara upacara siraman tingkeban
Sabtu, 27 Desember 2014
Tradhisi Midodareni
Midodareni artine widadari, padha karo artine mau tradhisi sing dilakoni wayang wengi sadurunge ijab kabul kuwi nduweni maksud supaya calon temanten putri bisa ayu kaya widadari. Masyarakt padha percaya nalika malem midodareni kuwi kabeh widadari mudhun saka khayangan, banjur teka ana omahe calon temanten putri lan gawe ayu temanten mau.
Midodareni dilakoni temanten putri saka jam 6 sore nganti tengah wengi jam 12. Ana ing jam jam mau temanten putri ora intuk metu saka kamar, uga ora intuk ana wong sing mlebu nemoni temanten putri kajaba sedulur wadonne.
Midodareni nduweni runtutan prosesi sing kudu dilakoni temanten lanang. Nalika Midodareni, temanten lanang teka ing omahe temanten putri kanggo tilik lan ngajukake manteping ati yen arep krama karo temanten putri mau.
Midodareni dilakoni temanten putri saka jam 6 sore nganti tengah wengi jam 12. Ana ing jam jam mau temanten putri ora intuk metu saka kamar, uga ora intuk ana wong sing mlebu nemoni temanten putri kajaba sedulur wadonne.
Midodareni nduweni runtutan prosesi sing kudu dilakoni temanten lanang. Nalika Midodareni, temanten lanang teka ing omahe temanten putri kanggo tilik lan ngajukake manteping ati yen arep krama karo temanten putri mau.
Sekaten Yogjakarta
Sekaten yaiku upacara
tradisional, sekaten yaiku saka tembung Syahadata’in utawa saka rong temung syahadat, yaiku adicara
kanggo memperingati ulang taun Nabi Muhammad s.a.w ingkang dipunanaaken tanggal
5,wulan jawa mulud (Rabiul awal taun hijrah) ing alun-alun Surakarta lan
Yogyakarta.Upacara menika mbiyen kangge ngundang para warga nderek agama Islam.
Upacara dipunwiwiti wayah
bengi kaliyan iring-iringan Abdi Dalem (Punggawa Kraton) bebarengan kaliyan
rong set gamelan jawa.Kyai Nogowilogo lan Kyai Gunturmadu.Iring-iringan menika
wiwitanipun saking pendopo Poncaniti pinuju Masjid Agung ing alun-alun,
dipunkawal kaliyanprajurit kraton.Kyai Nogowilogo manggon ing sisih utara
saking masjid Agung,samentara kyai Gunturmadu manggon ing pogongan selatan
masjid.Rong set gamelan menika bakal dipunmaenaken bebarengan ngantos tanggal
11 wulan Mulud suwene 7 dina,bengi pungkasan,rong gamelan menika dipunbeta
balik menyang Kraton.
GREBEG MULUDAN
Grebeg Muludan dianakake
tanggal 12 wiwit tabuh 08.00 esuk.Dipunkawal kaliyan 10 wujud
(bregodo/jogokaryoprawiritomo,nyutro,ketanggung,mantrijero,surokarso,lan
bugis), Gunungan ingkang kagawe saking beras ketan,pakanan,lan woh-wohan sarta
sayur bakal dipunbeta saking istana,Kamandungan nglewati sithinggil lan
pagelaran pinuju Masjid Agung.Saksampunipun dipundongani,Gunungan sing
nglambangaken kasejahteraan kerajaan Mataram menika dipunbagiaken kailiyan para
warga sing dianggep bagian saka gunungan menika bakal gawa berkah.
TUMPLAK WAJIK
Rong dina sakderengipun
adicara grebeg muludan,upacara tumplak wajik dipunlaksanaaken ing latar istana
Magangan tabuh 16.00 Sore.Adicara menika kawujud kothekanutawa maenaken tembang
kaliyan kenthongan,lumpang kangge numpuk pari lsp,ingkang nandhaaken wiwit
saking gawene gunungan sing bakal dipunarak ing adicara grebeg muludan.Tembang
sing dimaenaken ing adicara tumplak wajik yaiku tembang lompong keli,tundhung
setan,owal-awil.
Nganti sakmenika budaya
sekaten taksih dipunlestariaken kaliyan warga jawi mliginipun Yogyakarta lan
Surakarta.
Sedekah Laut Ing Rembang
Sedino
sakdurunge arak-arakan ,para warga biyasane nglakoni pengajian jaluk kelancaran
marang Gusti ingkang Maha Agung lan Maha Kuasa supados acarane lancar lan
nyuwun keselametan.Arak-arakan gedhe ngubengi kutha sing dikokake kaliyan para
warga pesisir kaliyan macem-macem budaya lan ciri khas daerahe
dhewe-dhewe,kayata gawa patng iwak,jangkar,prau gedhi, sarta gawa sesajen
kayata tumpengan,kembang setaman,banyu
suci,lan khasil saka laut.
Sakwise
adicara arak-arakan,biyasane dianakakelomba-lomba ing pinggir pante kayata
lomba voli,sepak takraw,lan kasti. Liyane iku uga dianakake “lomban” utawa
lomba munggah prau ngantek tekan pulo karang.ana prau khusus sing digawa
panitia kaliayan wong pamengku gati nglakoni ritual mglarung sesaji sing
dideleh ing prau seje lajeng prau sing isine sesaji iku ditinggal ing tengah
laut.
Ana
hiburane barang yaiku wayang kulit ing dukuh kramatan,lan uga ana dangdut
biyasane dilaksanakake ing dino pungkasanperayaan sedekah laut.
Ing
adicara menika numbuhaken rasa gotong royong para warga.Kabeh para warga
bebarengan guyub rukunsupados adicaranipun lancar lan sukses.Ttradisi sedekah
laut ing rembang iki dianakake kanggo simbolisnrasa syukur kaliyan Tuhan Yang
Maha Esa.Sedekah laut ing rembang menika patut dilestariaken kaliyan anak putu
kita supados nganti mbesok isih ana sing
jenenge jaga kerukunan para warga siji lan sijine.
Sedekah Bumi "Gas Deso" Blora
Tradisi
iki didadekake tradisi taunan para warga blora lan dilaksanakakene yaikusakwise
panen.Akeh-akehe warga blora kerjone dadi
petani.Gas Deso sedekah bumi yaiku wujud syukur kaliyan Tuhan Yang Maha
Esa sing wis nge’i rezeki,nikmat,lan karuniane.
Acara
iki banget dienteni para warga Blora kaliyan rasa ati bungah lan suka
citaadicara iki dikanggokake adicara kumpul kumpul bebarengan kluwarga
lsp.Biayasane wong-wong ngrayakake sedekah bumi kaliyan gawe gunungan-gunungan
sing disusun saka bungkusan-bungkusan sega sing wis dibungkus karo godhong
jati/godhong gedhang nanging ana sing tumpeng,Lajeng sakwise didongani
sega-sega kuwi kanggo kroyokan para warga Lan di pangan bebarengan kaliyan
warga desa.Jajanan khas sing disajikake yaiku(dumbeg,tape,bugis,nagasari,lsp).
Para
warga dike’i tontonan kesenian daerah kayata barongan,wayang
kulit,kethoprak,sarta kesenian tayubmsing dilaksanakake ing panggonan sing wis
dispakati para warga desa.Ing adicara iki mestho rame, biyasane dilaksanakake
wiwit esuk nganti bengi.
Langganan:
Postingan (Atom)