Tradisi Tumpeng Sewu yaiku tradisi sing biasa dilakoni suku Osing Banyuwangi. Tradisi iki dilakoni nalika tanggal 1 Dzulhijah, bar maghrib. Tumpeng Sewu nduweni tujuanne kanggo nunjukake rasa syukur marang Gusti sing maringi berkah. Saliyane kuwi, masyarakat Osing percaya yen tradisi kuwi uga kanggo tolak bala, kareben ora kena penyakit utawa bencana apa wae.
Tumpeng Sewu iki dianakake masyarakat suku Osing kanthi cara
Blog menika ngandharaken babagan tradisi lan budhaya ingkang wonten ing Jawa
Running text
Sabtu, 03 Januari 2015
Jumat, 02 Januari 2015
Ruwatan Ing Jawa Tengah
Ruwatan yaiku tradisi sing wis akeh dilakoni masyarakat Jawa, khususe Jawa Tengah. Adicara iki uga ana variasine utawa nduweni tatacara sing bedha, kayata sing ning postingan sadurunge wis dirembug bab ruwatan sing ana ing Banjarnegara.
Saiki bakal dirembug bab ruwatan nanging ruwatan secara umum sing dilakoni masyarakat umum.
Ruwatan kuwi tradisi sing dipercaya kanggo ngilangi sial sing ana ing bocah. Nanging ana sing nglakoni ruwat kuwi mung kanggo anak tunggal, utawa ontang anting. Tradisi iki dipercaya bisa nyucikake ragane wong sing diruwat.
Kamis, 01 Januari 2015
Tradisi Barong Ider Bumi Banyuwangi
Barong IderBumi yaiku ritual
upacara bersih desa ing dina ke-2 sakwise dina riyaya sing dilakoni karo warga
Suku Osing ,Suku asli Banyuwangi, Desa Kemiren.Tradisi sing dilaksanakake saben
tanggal 2 Syawal sarta diwiwiti tabuh 14.00WIB, tabuh menika ora tanpa
makna,Bagine suku osing kemiren,angka 2 yaiku simbol cipa Tuhan cara
pasang-pasangan kayata awan-bengi,lanang-wadon,lsp.Acara barong ider iki agenda
taunan sing rutin digelar.
Tradisi Buncis ing Banyumas
Apa iku Buncis ?
Kesenian Buncis yaiku tarian
rakyat sing urip ing wilayah Banyumas kaliyan musik angklung campur kaliyan
gamelan.Buncis saka tembung bunter lan cis. Menurut sesepuh bunter yaiku gagang
lan cis yaiku keris cilik.Tarian iki kayata tarian sing diumpamakke kanggo
panjelamaan mahluk sing ana ing jero bunter lan cis.Bunter membo-membo dadi
mahluk kaya menungsa sing awakke dhuwur lan akeh wulune, lan cis membi-membo
dadi naga.Rong mahluk iki nari-nari amarga iso ngalahake musuhe.
Kesenian Buncis sakiki
Sedekah Laut ing Cilacap
Tradisi sedekah laut awale saka
pamarentah Bupati Cilacap ke III, yaiku Tumenggung Tjakrawerdaya III sing
mreantah marang sesepuh nelayan Pandanarang sing jenenge Ki Arsa menawi kanggo
nglarung sesaji ing laut selatan kaliyan nelayan liyane ing dina Jum’at Kliwon
taun 1875.
Upacara sedekah laut sakdurunge
dianakake nyekar utawa ziarah ing pante karang bandung (pulo matjethi),sing
dilakokake ketua adat nelayan cilacap. Warga nelayan lan warga cilacap liyane
nyuwun marang Gusti supados diwenehi rejeki ingkang kathah lan paranelayan
supados diwenehi kaselametan yen lagi begawe golek iwak ing laut.Ana uga sing
jaluk banyu suci suci ing sakcedhake Pulo Matjethi.
Wiwitane acara prosesi nggawa
sesaji (jolen) kanggo dilarung ing tengah laut ,saka jero pendopo Kabupaten
Cilacap pinuju ing pante teluk penyu karo diiringi arak-arakan Jolen Tunggul
lan sing ngarak jolen iku nganggo pakean tradisional nelayan jaman
mbiyen.Sakwise tekan Pante Teluk Penyu sesaji lajeng dipindahake ing kapal
nelayan sing wis dihias karo hiasan sing werna-werna.Bengine acara dilajengaken
yaiku acara hiburan kayata kesenian tradisional ing saben desa/kelurahan.
Langganan:
Postingan (Atom)