Running text

Sugeng Rawuh Wonten Blog Menika, Mugi Saged Nambah InformasiPanjenengan Babagan Tradisi Kaliyan Budhaya Jawi. Matur Nuwun Sampun Mampir Wonten Blog Menika. Menawi Wonten Kiranging Isi Materi Nyuwun Pangapunten.

Kamis, 01 Januari 2015

Tradisi Barong Ider Bumi Banyuwangi


Barong IderBumi yaiku ritual upacara bersih desa ing dina ke-2 sakwise dina riyaya sing dilakoni karo warga Suku Osing ,Suku asli Banyuwangi, Desa Kemiren.Tradisi sing dilaksanakake saben tanggal 2 Syawal sarta diwiwiti tabuh 14.00WIB, tabuh menika ora tanpa makna,Bagine suku osing kemiren,angka 2 yaiku simbol cipa Tuhan cara pasang-pasangan kayata awan-bengi,lanang-wadon,lsp.Acara barong ider iki agenda taunan sing rutin digelar.

Barong yaiku pakean/kostum kaliyan topeng lan pernak-pernik kanggo nggambarake kewan sing medeni.Barong dipercoyo wujud kebecik’an sing nduweni keluwihan kanggo ngusir roh-roh ingkang sifatipun ala.Warga Suku Osing percados yen nglakokake/nglaksanakake Barong Ider Bumi,kauripan setaun mengarep bakal ayem tentrem.Upacara adat leluhur iki digelar kangge wujud rasa syukur.Tradisi ikiuga dipercaya bisa ngilangake/ngadohake (tolak bala) warga saka bencana sing ora dipengenake kaliyan para warga.Sakdurunge Barong diarak mubeng desa,para sesepuh mainake angklung ing bale desa kanggo miwiti rituwal.Sakwise iku kabeh warga Desa Kemiren metu saka omah lajeng baris ngarak barong osing saka gerbang melbu desa pinuju papan mangku barong (lawang metu desa) adohe 2kilometer.Ing arak-arakan iki,tokoh adat nyebarake koin,beras kuning,lan kembang ing dalan.,Kabeh iku kanggo royokkan cah cilik-cilik.Iki salah sijine bagean saka rituwal adat sing dijenengi “Sembur utik-utik”.
Suwene diarak warga,barong-barong kuwi uga dibarengi para sesepuh desa sing mlaku iring-iringan kaliyan gawa dupa lan nglafalake donga-donga kanggo kaselametan kabeh warga.Ora lali,tabohan musik khas osing uga ngiringi,rame nanging tetep sakral.
 Banyuwangiapik.blogspot.com/2014/07/tradisi-barong-ider-bumi-desa-kemiren.html
Ing pucuk desa,para warga lan pemain kesenian barong kroyokan gedhang sing dipajang,dhewekke percaya yen mangan gedhang iku,wong bakal selamet lan diwe’i kepenak kauripane.
Sakwise ritual barong  ider bumi,para warga nggelar selametan bebarengan,menika bagean pungkasane upacara.Selametane gunakake tumpeng pecel pitik(pitik kampung sing dibakar  kaliyan diwenehi parutan klapa),Tumpeng lan pecel pitik kanggo kaselametan digelar ing sakdalan-dalan desa.
Tumpeng pecel pitik iki jumlahe akeh sanget amarga tiap kaluwarga nyuguhake pecel pitik kanggo mangan barang-barang.Iki dianggep sedekah syawal,sedina sakdurungi,para warga gawe kupat lepet lan jajanan tradisional khas Banyuwangi kanggo dibagekake marang penonton.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar