Running text

Sugeng Rawuh Wonten Blog Menika, Mugi Saged Nambah InformasiPanjenengan Babagan Tradisi Kaliyan Budhaya Jawi. Matur Nuwun Sampun Mampir Wonten Blog Menika. Menawi Wonten Kiranging Isi Materi Nyuwun Pangapunten.

Kamis, 01 Januari 2015

Sedekah Laut ing Cilacap


Tradisi sedekah laut awale saka pamarentah Bupati Cilacap ke III, yaiku Tumenggung Tjakrawerdaya III sing mreantah marang sesepuh nelayan Pandanarang sing jenenge Ki Arsa menawi kanggo nglarung sesaji ing laut selatan kaliyan nelayan liyane ing dina Jum’at Kliwon taun 1875.
Upacara sedekah laut sakdurunge dianakake nyekar utawa ziarah ing pante karang bandung (pulo matjethi),sing dilakokake ketua adat nelayan cilacap. Warga nelayan lan warga cilacap liyane nyuwun marang Gusti supados diwenehi rejeki ingkang kathah lan paranelayan supados diwenehi kaselametan yen lagi begawe golek iwak ing laut.Ana uga sing jaluk banyu suci suci ing sakcedhake Pulo Matjethi.
 
Wiwitane acara prosesi nggawa sesaji (jolen) kanggo dilarung ing tengah laut ,saka jero pendopo Kabupaten Cilacap pinuju ing pante teluk penyu karo diiringi arak-arakan Jolen Tunggul lan sing ngarak jolen iku nganggo pakean tradisional nelayan jaman mbiyen.Sakwise tekan Pante Teluk Penyu sesaji lajeng dipindahake ing kapal nelayan sing wis dihias karo hiasan sing werna-werna.Bengine acara dilajengaken yaiku acara hiburan kayata kesenian tradisional ing saben desa/kelurahan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar