Running text

Sugeng Rawuh Wonten Blog Menika, Mugi Saged Nambah InformasiPanjenengan Babagan Tradisi Kaliyan Budhaya Jawi. Matur Nuwun Sampun Mampir Wonten Blog Menika. Menawi Wonten Kiranging Isi Materi Nyuwun Pangapunten.

Kamis, 01 Januari 2015

Tradisi Buncis ing Banyumas


Apa iku Buncis ?
Kesenian Buncis yaiku tarian rakyat sing urip ing wilayah Banyumas kaliyan musik angklung campur kaliyan gamelan.Buncis saka tembung bunter lan cis. Menurut sesepuh bunter yaiku gagang lan cis yaiku keris cilik.Tarian iki kayata tarian sing diumpamakke kanggo panjelamaan mahluk sing ana ing jero bunter lan cis.Bunter membo-membo dadi mahluk kaya menungsa sing awakke dhuwur lan akeh wulune, lan cis membi-membo dadi naga.Rong mahluk iki nari-nari amarga iso ngalahake musuhe.
Kesenian Buncis sakiki

Ing Desa TambakNegara kecamatan Rawalo ing adicara Grebeg Suran, adicara taunan iki digawe rodok beda.Acara Grebeg Suran iki nyajikake rena-rena kesenian kayata wayang,ebeg,lengger,gondolia,lan Buncis.
m.kompasiana.com/post/read/685322/3/menghidupkan-kesenian-buncis-yangkian-terkikis.html
Buncis ngiringi arak-arakan tumpeng pinuju ing prapatan.Wong wadon sing ayu-ayu lan lanange sing bagus-bagus nganggo pakean adat tradisional pinuju ing lapangan pamentasan.kabeh gawa angklung lan diiringi karo gamelan banyumasan.
Kesenian iki dimaenake karo  nom-noman asal saka Tambak Negara.Dhewekke semangat sanget nyuguhake kesenian asli banyumas.Ing pementasan biasane laras angklung gunakke slendro lan tembange yaiku tembang banyumasan kayata eling-eling,ricik-ricik,jemuah wage,lurah mantu, lan prawan kulon kali.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar