Running text

Sugeng Rawuh Wonten Blog Menika, Mugi Saged Nambah InformasiPanjenengan Babagan Tradisi Kaliyan Budhaya Jawi. Matur Nuwun Sampun Mampir Wonten Blog Menika. Menawi Wonten Kiranging Isi Materi Nyuwun Pangapunten.

Jumat, 02 Januari 2015

Ruwatan Ing Jawa Tengah

Ruwatan yaiku tradisi sing wis akeh dilakoni masyarakat Jawa, khususe Jawa Tengah. Adicara iki uga ana variasine utawa nduweni tatacara sing bedha, kayata sing ning postingan sadurunge wis dirembug bab ruwatan sing ana ing Banjarnegara. 
Saiki bakal dirembug bab ruwatan nanging ruwatan secara umum sing dilakoni masyarakat umum. 
Ruwatan kuwi tradisi sing dipercaya kanggo ngilangi sial sing ana ing bocah. Nanging ana sing nglakoni ruwat kuwi mung kanggo anak tunggal, utawa ontang anting. Tradisi iki dipercaya bisa nyucikake ragane wong sing diruwat. 

Sejarahe ruwatan kuwi saka cerita wayang ing lakon Sudamala utawa Murwakala, Ing kana diceritakake yen wong sukerta sing ora diruwat bakalan dadi mangsane Bathara Kala. Bathara Kala kuwi wujude Buta deweke anak saka Bathara Guru, nanging kuwi anak "kama salah kendhang gemulung". Kama salah kendhang gemulung kuwi nduweni teges yen anak sing lair amarga salah panggonan tibane kama. Bathara Kala ya lair amarga kamane Bathara Guru tiba ing samudera. Sawise Bathara Kala gedhe, deweke mara ning Suralaya nemoni Bathara Guru, lan njaluk apa wae kanggo dipangan. Bathara Guru ngandhani yen Bathara Kala mangan manungsa, nanging sing golongan Sukerta (kena sial). Nanging nalika Bathara Kala lunga, Bathara Guru sadar yen ning donya ki akeh sing golongan sukerta, banjur deweke ngutus Dewa Wisnu lan Bathara Narada kanggo ngruwat manungsa sing kalebu sukerta supaya ora dipangan karo Bathara Kala. 
https://www.google.com/search?q=tradisi+ruwatan&client=firefox-a&hs=IhP&rls=org.mozilla:id:official&tbm=isch&tbo=u&source=univ&sa=X&ei=0ammVJy6NovmuQSl-IKIBQ&ved=0CC0QsAQ&biw=1366&bih=638#facrc=_&imgdii=_&imgrc=_TNNswNSzb5_bM%253A%3B4CvpYR6odf5jHM%3Bhttp%253A%252F%252Fradarsemarang.com%252Fwp-content%252Fuploads%252F2014%252F11%252FRUWATAN_NURCHAMIM-2web.jpg%3Bhttp%253A%252F%252Fradarsemarang.com%252Fsemarang-metropolis%252Fusir-sengkala-dengan-ruwatan%252F%3B410%3B240
Saka cerita kuwi, masyarakat Jawa padha percaya yen ana bocah sing nandhang sukerta mau kudu diruwat. Biasane ruwatan kuwi ngundhang wayang kulit, ing pagelaran kuwi mau sing dimainke ya lakon Sudamala utawa Murwakala mau. Pokoke sing ana hubunganne karo ruwatan. Ing tradisi ruwatan ya ana sesaji sing kudu ana nalika ruwatan kuwi dilakoni, yaiku:
  • Tuwuhan sing isine gedhang raja setundhun sing wis mateng lan apik, cengkir gadhing, wit tebu, godhong ringin, godhong dadap serep lsp
  • Areng ing anglo kanggo dhalang
  • Kain mori
  • Gawangan
  • Macem-macem sega: sega golong, sega wuduk, sega kuning
  • Jajan Pasar
  • Benang Lawe
  • Minyak Klapa
  • Sajen buangan
  • Sendhang
Kuwi mau sing kudu ana ing adicara ruwatan, tradisi kuwi akeh versine. Bedha panggonan bisa bedha tradisi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar