Running text

Sugeng Rawuh Wonten Blog Menika, Mugi Saged Nambah InformasiPanjenengan Babagan Tradisi Kaliyan Budhaya Jawi. Matur Nuwun Sampun Mampir Wonten Blog Menika. Menawi Wonten Kiranging Isi Materi Nyuwun Pangapunten.

Kamis, 01 Januari 2015

Tradisi Syawalan ing Pekalongan


Syawalan yaiku tradisi khas warga Pekalongan, yaiku seminggu sakwise dina riyaya Idul Fitri.Biyasane sakwise bada,warga pekalongan nglaksanakake poso sunnah 6 dina suwene,amarga iku,warga Pekalongan lagi seneg-seneng ngrayakake bada.Ana akeh acara lan akeh cara.Ana sing piknik,unjung ing omahe dhulur-dhulure,lsp.
Ana siji tradisi Syawalan sing terkenal nganthi ngendi-ngendi,yaiku ngethok roti lopis grdhi ing Krapyak kasebut (lopisan utawa krapyakan).Krapyakan /lopisan yaiku tradisiwarga ing pekalongan.Lopis nduweni ukuran diametere 150cm,abotte 185kg lan dhuwure 110cm.

 
Lopis nduweni makna nyatune bangsa Indonesia sing kaya ing sila ke-3 ing pancasila.Lopis dibungkus karo godhong gedhang,ditaleni karo tambang lan digodhog 4 dina 3 wengi.Kenapa ora dibungkus karo plastik/liyane?Alesane wit gedhang ora gelem matisakdurunge woh lan nganak,utawa ora gelem mati yen durung iso utawa durung ana guna lan ninggalake peneruse,menika pemikiranepara sesepuh ing Pekalonagn dadi bungkuse kudu karo godhong gedhang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar