Rampek yaiku seni sing lahir
saka musik sing dipadukake karo tari. Seni sing ana ing Kendal iki wis ana saka
turun temurun dilakokake masyarakat Kendal. Rampek dilakokake nduweni teges
kanggo rasa syukur marang Gusti ingkang Maha Agung amarga wis gawe hasil panen sing
melimpah. Masyarakat Kendal sing nduweni pakaryan dadi petani memang akeh,
musim sing ana ya uga ora nentu dadi acara Rampek mau bisa dadi wujud rasa
syukur amarga hasil panenne sesuai karo sing dikarepake.
Ing Kendal tarian Rampek biasa kasebut Lengguk amarga para tani mantuk-mantuk utawa ngangguk angguk nalika nari Rampek mau. Adicara kuwi dilakokake nalika jam 21.00 nganti jam 05.00 lan ana 5 babak. Kesenian rampek kuwi gabungan saka gerak tari utawa kasebut Rodat, lan syair sing kasebut Njawabi.
Rampek dilakoni kanthi
saut-sautan saben kelompok penari lan panjek. Ana 30 wong sing melu utawa sing
dadi lakon ana ing adicara iki. 20 wong sing dadi penari lan 10 wong sing main musik
(panjek). Akeh tujuan sabener ing acara iki, ora mung dadi rasa syukur marang
gusti wae, nanging kanggo guyubake masayarakat Kendal supaya tetep rukun lan
sejahtera.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar