Running text

Sugeng Rawuh Wonten Blog Menika, Mugi Saged Nambah InformasiPanjenengan Babagan Tradisi Kaliyan Budhaya Jawi. Matur Nuwun Sampun Mampir Wonten Blog Menika. Menawi Wonten Kiranging Isi Materi Nyuwun Pangapunten.

Sabtu, 27 Desember 2014

Tradhisi Midodareni

Midodareni artine widadari, padha karo artine mau tradhisi sing dilakoni wayang wengi sadurunge ijab kabul kuwi nduweni maksud supaya calon temanten putri bisa ayu kaya widadari. Masyarakt padha percaya nalika malem midodareni kuwi kabeh widadari mudhun saka khayangan, banjur teka ana omahe calon temanten putri lan gawe ayu temanten mau.
Midodareni dilakoni temanten putri saka jam 6 sore nganti tengah wengi jam 12. Ana ing jam jam mau temanten putri ora intuk metu saka kamar, uga ora intuk ana wong sing mlebu nemoni temanten putri kajaba sedulur wadonne.
 Midodareni nduweni runtutan prosesi sing kudu dilakoni temanten lanang. Nalika Midodareni, temanten lanang teka ing omahe temanten putri kanggo tilik lan ngajukake manteping ati yen arep krama karo temanten putri mau.

Ana ing midodareni akeh petuah kanggo para temanten mau sing disimbolake karo:
    1. Sepasang Kembar Mayang
    2. Sepasang Klemuk
    3. Sepasang kendhi sing ditutup karo godhong dhadhap serep, mayang jambe,godhong suruh
    4. Nampan sing isine ana godhong pandan, parutan kencur, laos,jeruk purut, minyak wangi.
Ing midodareni uga ana prosesine:
  • Jonggolan yaiku temanten lanang teka ana ing omahe temanten putri ngandakake yen awake sehat lan bener-bener siap mantep arep nikah karo temanten putri. Ana ing kene calon temanten lanang gawa seserahan sing isine kudu ganjil. Calon temanten lanang teka ora dikancani karo wong tuwane nanging karo perwakilan kaluwarga sing wis ditunjuk saka wong tuwane. Ing midodareni iki calon temanten lanang ora intuk mlebu omah, calon temanten lanang namung di temoni ana ing ngarep omah utawa teras lan disuguhi wedhang putih. 
  • Tantingan yaiku wong tuwa saka calon temanten putri nakokake maneh kesiapan lan manteping ati si calon temanten lanang.
  • Catur Wedha yaiku 4 petuah sing diwacakake bapak temanten putri kanggo temanten lanang supaya bisa nglakoni rumah tangga sing apik. Banjur catur wedha mau diwenehake marang calon temanten lanang.
  • Wilujengan majemukan yaiku prosesi sing terakhir yaiku silaturahmi lan wong tuwa saka calon temanten putri wenehi kancing gelung kanggo upacara panggih esuke lan pusaka dhuwung utawa keris kanggo simbol supaya bisa nglindungi kaluwargane besok.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar