Running text

Sugeng Rawuh Wonten Blog Menika, Mugi Saged Nambah InformasiPanjenengan Babagan Tradisi Kaliyan Budhaya Jawi. Matur Nuwun Sampun Mampir Wonten Blog Menika. Menawi Wonten Kiranging Isi Materi Nyuwun Pangapunten.

Rabu, 24 Desember 2014

Grebeg Sudiro Akulturasi Jawa-Tionghoa

Kutha Solo, kutha sing dikenal kutha batik ora entek yen digoleki budhaya lan tradisine. Kayata salah siji tradisi sing bakal dirembug ning kene yaiku tradisi Grebeg Sudiro. Grebeg Sudiro iki memang dudu tradisi utawa budhaya sing wis suwi dilakoni. Tradisi iki diwiwiti tahun 2007 wingi, budhaya hasil akulturasi kebudayaan Jawa lan Tionghoa iki jenenge dijupuk saka jeneng desa. Sudiroprajan yaiku jeneng salah siji desa sing ana ing Solo, desa kuwi cedhak karo Pasar Gedhe lan penduduk kana akeh saka Tionghoa.

Grebeg Sudiro iki dianakake kanggo nyambut taun baru Imlek. Kaya tradisi Grebeg liyanne, Grebeg Sudiro uga ana gunungan sing diarak lan direbutake para warga. Miturut wong kana, gunungan kuwi mau dadi wujud rasa syukur marang Dewa Bumi. Isine sing ana ing gunungan mau yaiku kue keranjang, bakpia balong, onde-onde, gembukan, sayuran uga buah. Acara iki dianakake kanthi arak-arakan saka klentheng Tien Kok Sie Pasar Gedhe. Saliyane ana grebeg mau, uga ana pertunjukan barongsai lan liong ing acara Grebeg Sudiro. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar