Sekaten kuwi festival rakyat sing dadi acara taunan saben tanggal lima sasi Mulud. Acara iki dianakake kanggo mengeti dina kelairanne Nabi Muhammad SAW. Festival rakyat taunan iki dimulai wiwit gamelan Kyai Guntur Madu lan Kyai Guntur Sari mulai diunekake kanggo gendhing Rambu lan Rangkur. Gendhing iki dianggit saja Sunan Kalijaga ing abad 15 kanggo sarana nyebarake agama Islam.
Sekaten nduweni teges kang dijupuk saka basa Arab syahadatain utawa syahadat, tembung mau ngemu teges 2 kalimat utawa ukara sing diaturake sapa wae kanggo mlebu agama Islam. Ukara kapisan kuwi pengakuan kanggo Allah SWT sing dilambangke karo Gamelan Kyai Guntur Madu, lan ukara ke-2 yaiku pengakuan marang Nabi Muhammad SAW kuwi utusanne Allah SWT dilambangake karo Gamelan Kyai Guntur Sari.
Tradisi Sekaten wis dianakake wiwit pemerintahan PB II. Amarga Mataram pecah dadi Surakarta lan Yogjakarta, gamelan uga dibagi 2. Sekaten dianakake saben tanggal 5 - 12 Mulud. Adicara iki ngemu 3 bab yaiku adat, agama, lan hiburan. Adat kuwi saka kraton dhewe, gamelan didunnake saka sitiinggil, bibar kuwi ana agama, gamelan sing wis ditokkake mau digawa lan diselehake ana ing masjid agung, lan hiburan sing ana ing sekaten bisa didelok ana ing sak jabane masjid, ana stand dodolan, ana hiburan liyane.
Gamelan Kyai Guntur Madu, lan Kyai Guntur Sari didunnake saka Sitinggil kurang luwih jam 10 isuk, langsung digawa ing masjid agung nglewati alun-alun. Gamelan sing ana ing Sekaten yaiku:
- Bonang besar satu pangkon terdiri dari dua baris
- Demung dua pangkon
- Gembyangan dua pangkon
- Saron penerus dua pangkon
- Gong besardua buah
- Bedug
Gamelan Kyai Guntur Madu kuwi gendhingake gendhing "Rambu" lan sing gamelan Kyai Guntur Sari gendhingake gendhing "Rangkung".
Ana ing tradisi Sekaten uga ana mitos sing isih dadi kepercayaan warga Surakarta. Mitos-mitos kuwi yaiku:
1. Gunungan
Ana ing gunungan biasane akeh isine utawa ubarampe sing dikanggokake ana ing sekaten. Warga Surakarta percaya yen bisa oleh salah sijining isi sing ana gunungan, kabeh kekarepan utawa cita-cita bakal bisa kawujud.
2. Janur
Janur sing nduweni mitos iki janur sing dipasang nalika pembukaan acara sekaten nalika gamelan ditokkake. Warga padha percaya yen bisa ngerbutake janur mau, bakal oleh rejeki.
3. Sirih
Warga sing percaya, padha ngunyah sirih wiwit gamelan diunekake pertama. Padha percaya yen sirih kuwi bisa gawe awet enom.
4. Endhog Asin
Endhog asin akeh didol ning stand cedak masjid, kabeh padha percaya yen tuku endhog asin kuwi bakal menehi amal kanggo sing dodol, lan amale sing tuku bakal diterima marang Gusti Allah.
http://www.disolo.com/sekaten/
http://www.wego.co.id/berita/melebur-di-kemeriahan-sekaten-solo/
Tidak ada komentar:
Posting Komentar