Werdining
Upacara Tumplak Punjen
Cekaking
atur bilih upacara TUMPLAK PUNJEN punika satunggaling kabudayan Jawi ingkang
adi luhung, liripun upacara punika mengku sasmita; antawisipun
- Dados srana donga pamuji atur panuwun wonten ngarsa Dalem Pangeran
- Dados srana nelakaken raos bingahing manah, awit saged nuntasaken tugas lan kewajiban jejering tiyang sepuh ( saged peputra, lan saged nggulawenthah,lan mala kramakaken para putra )
- Dados srana anggenipun saged mbagi kabingahan dumateng para putra tuwin para kadang kinasih, inggih sedherek lan tangga tepalih
- Dados srana pangajabing tiyang sepuh,.mligi kangge para putra wayah, kanthi mbagi udhik-udhik
- Tumrap para putra wayah dados srana anggenipun sami nelakaken raos bingah bilih rama ibu kaparingan panjang yuswa
Pramila
tradisi punika satunggal pemut dumateng sok sintena, nalika sami nampi
kanugrahan
inggih punika GESANG. Mila ujaring para winasis tradisi adat punika
sageda dados tuntunan, totonan, sumrambahipun mligi kagem para putra wayah
anggenipun nelakaken kabungahan wekdal semanten.
Pramila
wonten ingkang adicara tumplak punjen, tatalaksitaning upacara sarta ubarampe
dados lambang ingkang kebaging samudana. Kados:.
- Sungkeman para putra, kinarya pratanda anggenipun caos bekti, saha anggenipun ngurmati dumateng rama lan ibunipun
- Paringipun anggi-anggi dhumateng para putra, kinarya tanda anggenipun rama-ibu anglintiraken kabingahan lan kabegjanipun
- Nyebar udhik-udik kinathi tanda anggenipun tresna asih dumateng para wayah-wayahipun
Yen
miturut gotheking ngakathah bilih upacara tumplak punjen ugi dados srana paring
pusaka adi, tumusing anggenipun paring sabdatama kados ingkang dipun paringaken
Rama Ibu Prop Dr. Bambang Sumiarto dumateng para putra-putrinipun ing
wanci punika, kinanthi candra sengkala , “ARUM ILANG TANPA NETRA”. Ingkang
mengku werdi, bilih kasaenan ingkang sampun kawentar, datan wurung badhe ical
tanpa lari jer boten linambaran saking telenging manah. Mula lajeng tumusing
piweling:
- NGLUHURNA MRING AllAHIRA
- NGLUHURNA WONG TUWANIRA
- AJA LALI MARANG SEDULURIRA
- TUMINDAK,TUMANDUK MRIH ARUMING BUDI
- JAGANEN JEJEGING KAUTAMAN
( Gesang
kedah ngluhuraken Allah, tiyang sepuh, sederekipun sumrambah ing sesami. Tuwin
tansah ngupadi jejeging kautaman)
Ubarampe
Upacara:
Anggi-anggi
punika wujudipun: arta, wujud wiji kados upami uwos / beras, dhele, tholo,
kacang ijo lan jagung, sarta kunir ( kaparut), dlingo bengle kairis-iris, lan
sekar setaman. ingkang dipun lebetaken kanthong utawi srana sanesipun
Dene
anggi-anggi kapilah dados kalih:
- ingkang dipun wadhahi kanthong, mligi kagem para putra lan putra mantu, sarta putra ragil ingkang krama wekdal semanten
- ingkang dipun wadhahi bokor/cupu , mligi kagem para wayah, sarta ingkang mbetahaken
Tata
upacaranipun Tumplak Punjen

Upcara punika dipun tindakaken sasampunipun upacara kacar-kucur dhahar klimah, nanging saderengipun sungkeman manten.
Upcara punika dipun tindakaken sasampunipun upacara kacar-kucur dhahar klimah, nanging saderengipun sungkeman manten.
Dene
urutanipun inggih punika:
- para putra lan putra mantu, sami sowan jengkeng lan sungkem rama ibunipun
- yen sampun dipun sungkemi tiyang sepuh lajeng maringi kanthong anggi-anggi wau,
- salajengipun tiyang sepuh maringaken dhateng putra ing nembe krama. Ugi lumantar wakil ( putranipun ingkang dipun sepuhaken) maringi sedherek-sedherekipun ingkang sampun dipun sametakaken
- kantun piyambah, maringaken anggi-anggi kagem para wayah, kanthi cara anggi-anggi ingkang wonten cupu dipun sebaraken, para wayah sami ngrayah. Kanthun piyambah cupu wau lajeng dipun tumplak (dipun kurepaken) kanthi ngendika “WIS RAMPUNG” Dene anggenipun numplak ing jogan sangajenging putra manten lenggah (siniwaka) , Inggih kanthi makaten numplak cupu/bokor dados werdining upacara tumplak punjen
- salajengipun nembe methuk besan. Lajeng putra penganten sami sungkem rama ibunipun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar